Pasliyun

Pasliyun ingkang ngayahi nalika surudipun Presiden Reagan, warsa 2004.
Para pasliyun nalika ngayahi ngladosi nggelak kudha rakitan panggered Kagungan Dalem Rata Kanjeng Sri Maharaja Putri (Kanjeng Ratu) nalika Upacara Nagara Pambukaning Rad ing Kitha London warsa 2015.
Kudha lan para pasliyunipun prajurit ANZAC ingkang saweg nandhang rekasa nalika nggered mariyem ing Passchendale, warsa 1917, gambar dening Harold Septimus Power.

Pasliyun inggih punika sesebutan kagem tiyang ingkang nggelak utawi ngelisi kudha rakitaning kareta kanthi nunggang salah satunggaling kudha saben kudha sarakit, kerepipun wonten kudha sisih kering.Bentenipun pasliyun kaliyan kusir inggih punika menawi kusir ngelisi kudha saking nginggiling kareta.

Pasliyun kerep kadhawuhan ngayahi nunggang kudha rakitaning kareta upacara wonten adicara adicara nagara kadosta upacara ngiring layon.

Pasliyun ugi ngayahi wonten sajroning paprangan utawi upacara pahargyan agung mliginipun bilih nalika panggelaking kudha boya saget katindakna dening cepenging kusir.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search